Artikel Bhs. Jawa

 Puting Beliung Ing Prigen

    
      Bencana alam ora ono sing ero kapan bakal kedadeyan. Salah sawijining bencana sing asring kedadeyan ing Indonesia yaiku angin puting beliung. Angin puting beliung yaiku angin sing muter kanthi kacepetan luwih saka 63 Km/ jam. Angin iki bisa ngrusak apa wae sing diliwati.
        
      Angin puting beliung uga tau kedadeyan ing dusun Talang, desa Watuagung, kecamatan Prigen. Tanggal 8 Februari 2018 sekitaran jam 12 awan, sisih kidul Prigen, sing tepat ing dusun Talang ngalami udan deres kairingan angin banter. Dumadakan ana angin puting beliung sing suwene 7 menit. 
      
      Angin kuwi nyebabake omah warga lan wit - witan roboh. Panggonan sing kena dampak saka angin iki yaiku Dusun Talang RT 01/04 cacahe 22 omah rusak, RT 02/04 cacahe 23 omah rusak, Dusun Sekar RT 01/10 cacahe 6 omah rusak.
      
      Untunge ora ono korban jiwa ing kedadeyan iki, nanging nyebabake 51 omah, 2 sekolah, lan masjid rusak. Lan uga nyebabake kerugian material sing gedhe.

      Warga Desa Watuagung sing kena musibah kae saling tulung - tetulung lan uga nampa tetulung saka Koramil kecamatan
Prigen kanggo ndandani omah sing rusak lan ngrijiki wit - witan sing roboh menyang dalan.

      " Langkah - langkah sing ditindakake dening anggota Koramil yaiku nglakoni pengecekan lokasi lan bantuan kanthi winates lan ngehimbau masyarakat supaya waspada sebab angin puting beliung bisa teka sawayah - wayah". Ujare BABINSA Desa Watuagung, Sertu Agus Dwi Widodo.



   Katrangan :

• Irah - irahan artikel : Angin puting beliung ing  Prigen

• Asmane penulis : Thania Resti Imelda

• Media sing digunakake : Internet

• Foto lan sumber :  https://portalarjuna.net/2018/02/puting-  beliung-rusak-51-rumah-warga-desa-watuagung/

•  Papan panggonan dumadine : Dusun Talang, Desa Watuagung, kecamatan Prigen

• Dina lan tanggal kedadeyan : Kamis, 8 Februari 2018

• Ukara kasunyatan, aktual, lan wis kedadeyan : Paragraf 2

•  Akibat sawise kedadeyan : 51 omah, 2 sekolah, lan masjid rusak

• Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah : Kabeh masyarakat kudu waspada marang angin puting beliung sebab bisa teko sawayah - wayah.



Nama.        : Thania Resti Imelda
No. Absen : 33
Kelas.         : X MIPA 1

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SOS4LOVE Project 2020